Bali sekolah, Adi katon lesu. Lakune alon kaya ora duwe kekuwatan. Bocah kelas loro SD iku, mung meneng wae nalika dijak omong mbakyune.
“Di, kowe apa wis luwe, lakumu kok kaya wong kaliren? Ket mau dijak crita, ya, meneng wae,” pitakon Ida, mbakyune. “Apa mau ing sekolahan ana masalah? Age, crita kene nek ana masalah.”
Adi mandheg sedhela, nanging ora nyawang mbakyune sing wis kelas enem iku, banjur mlaku maneh tanpa nyauri pitakonane Ida.
Ida mung nututi ing mburine karo gedheg-gedheg. Ora biasane, Adi meneng kaya ngene. Ida wedi yen adhine kesambet jin wit ringin sekolahan, amarga wit sing godhonge ngrembuyung iku terkenal angker.
Mlebu omah, Adi ngucapke salam banjur bablas mlebu kamar. Ana kira-kira telung jam ora katon metu saka kamar, marakke mbakyune gumun.
Sakjane ana apa nganti Adi betah dekem ana kamar? batine Ida.
Ida banjur mlebu kamar adhine. Adi katon turonan ing kasur, seragam ya uga durung diganti.
“Ngapa, Di? Biasane bali sekolah langsung maem. Kae lho, Ibu wis masak rendang jengkol karo sambel pete senenganmu. Age, ganti klambi terus maem, ya!”
Adi mung glundhang-glundhung karo nyikep guling, marakke Ida soyo gemes.
“Ayo, ndang maem! Aja malah ugat-uget kaya cacing kepanasan.”
Ora madhep Ida, Adi malah saya mlungker nyingkuri mbakyune. Sirahe uga ditutupi selimut lurik.
“Mbak ….” Akhire Adi nyuwara saka walike selimut.
“Ya, ana apa?”
“Tak kandhani, nanging aja ngomong karo Bapak lan Ibu, ya.”
Ida krasa ora penak, nganti adhine jaluk janji ora oleh omong Ibu lan Bapak barang. Nanging, tinimbang Adi ora gelem crita, akhire Ida uga nyanggupi.
“Iya, aku ora bakal crita-crita. Ana apa, ta? Kowe duwe masalah?” Ida takon.
Selimut lurik dibukak, katon rambut kriwile Adi semrawut ora karu-karuan. Rupane uga melas.
“Mau ana ulangan Basa Jawa. Bijiku elek. Aku wedi yen didukani.” Bocah lanang iku ndhingkluk karo nguwel-nguwel pucuke selimut sing wis brodhol jaitane.
“Elek ki pira?”
Adi ora nyauri, jan wedi tenan bocah iku prekara biji ulangan Basa Jawa mau awan.
“Heh, ditakoni, kok.”
“Nem puluh.” Adi nyauri nganggo suwara sing lirih, banjur nutupi sirahe maneh nganggo selimut lurik.
“Pira? Aku ora krungu.” Ida nyedakke kupinge.
Adi saya nyungsep ing jerone bantal. Dheweke wedi yen suwarane Ida kebanteren banjur ibune krungu.
“Aja banter-banter, Mbak. Mengko Ibu ndak mireng. Nem puluh!” jawabe Adi karo mbukak selimut banjur driji tangan kiwa mbukak kabeh, ditambahi jempol tangan tengen.
Ida malah ngakak karo namplek tangan adhine. Weruh mbayukne ngguyu kemekel, Adi langsung nggebug awake Ida nganggo guling sing dikekepi mau. Ora mandheg olehe ngguyu, Ida malah mlayu ngubengi kamare Adi. Bocah loro iku dadi godhak-godhakan ing jero kamar.
Ora let suwe, Ibu katon jedhul ana ngarep lawang sing pancen ora ditutup rapet amarga krungu gumuyune Ida.
“Ana apa, Da? Wong dikongkon maem, kok, malah guyon ing kamar. Lahdalah, malah playon karo gawa guling barang. Ana apa iki? Ayo, ndang maem dhisik, ben awake tetep sehat! Guyone mengko wae diteruske maneh, mesakke cacing sing ing jero weteng, wis padha dangdutan kae, lho,” jare Ibu.
Ida karo Adi mandhek olehe guyon, banjur lungguh ana kasur kabeh. Kahanan luwe lan wedi, marakke Adi katon pucet lan ambegane menggos-menggos.
“Inggih, Bu, sekedhap malih. Niki, lho, Adi nembe badhe curhat,” semaure Ida.
Adi langsung prengat-prengut. Dheweke njiwiti tangane Ida.
“Aduh, lara tho, Di.” Ida mencolot kaget.
“Ana apa ta, Di? Ibu ya diwenehi ngerti, ta. Delengen ta, rupamu wis katon pucet kaya ngono. Kowe lara, Le?” Ibu jejeri Adi, lenggah ana pinggir kasur.
“Boten wonten napa-napa, kok, Bu,” jawabe Adi lirih karo dhingkluk wedi.
Ibu mesem. Ngerti yen anak lanang siji iki atine alus. Ora kena digawe grusa-grusu, kudu sabar. Tangane ngelus rambute Adi sing kriwil. “Age, crita karo ibu, Le. Ana apa?”
“Wau Adi ulangan, Bu ....”
“Mbak!” Adi langsung menggak omongane Ida.
“Kowe mau ulangan? Ulangan apa, Le? Mesti isa, ta.” Ibu isih mesem karo nyawang Adi.
“U-ulangan Basa Jawa, Bu. Nanging ....”
“Nanging apa?”
“Adi angsal biji sewidak, Bu,” jawabe Ida.
Adi langsung ndhangak, karo alise mengkerut. “Sewidak ki apa, Mbak?”
“Bijimu iku sewidak. Angka enem karo nol yen digabung, macane dadi sewidak, dudu nem puluh.”
Adi bingung. Sirahe saya ngelu, wetenge saya luwe. “Salah maneh. Ulanganku mau ki ya soal angka jawa iku, Mbak.”
“Coba tak deloke, kaya apa ulanganmu.”
Adi tangi saka kasur, banjur jupuk tas sing diselehke ing meja sinau. Buku pelajaran Basa Jawane diwenehke Ida. Ibu mung nyawang semringah, weruh anak-anake padha rukun.
Ida mbukak bukune Adi, mriksa ulangan sing mau digarap adhine. Ana papat saka sepuluh soal sing salah.
22 = rong puluh loro
25 = rong puluh lima
50 = limang puluh
60 = nem puluh
“Di, iki dudu rong puluh loro, nanging macane dadi rolikur.”
“Kok isa, Mbak? Lha wong puluhane wae macane rong puluh.” Adi ngeyel.
“Iya, Di. Nanging ing Jawa iku ana filosofine. Likur iku duwe arti lingguh kursi. Maksude, umur manungsa sing mulai sregep kerja kanggo bisa nyukupi uripe. Mulai saka selikur, rolikur, telulikur, nganti sangalikur.”
“Berarti sing iki limalikur ya, Mbak?” pitakon Adi karo nunjuk angka 25.
“Iku beda maneh.”
“Lha, jare mau nganggo likur ….” Adi ngeyel maneh.
“Nek iku, macane selawe, sing bisa diartike seneng-senenge lanang lan wedok. Maksude, wong sing wis umur selawe, biasane wis mikir omah-omah.”
“Omah-omah iku apa, Mbak?”
“Basa Indonesiane me-ni-kah.”
“Oh ….” Adi plonga-plongo. “Terus lanjute, Mbak.”
“Iki dudu limang puluh. Macane seket, artine seneng kethonan. Manungsa sing wis umur seket, biasane seneng nganggo kethu utawa kopiah, kanggo nutupi rambute sing wis uwanen. Kopiah dewe ya duwe arti, kanggo ngelingke manungsa supaya sregep ngibadah marang Gusti Allah.”
“Terus nem puluh, Mbak?”
“Iku macane sewidak, sejatine wis wayahe tindak. Artine, umur manungsa sing wis pantes bali marang Gusti Allah. Manungsa ben eling, yen umur iku ana batesane.”
Adi manthuk-manthuk, embuh mudeng apa mubeng.
“Kok, Mbak Ida dingaren pinter? Nganti ana pitosopi,” Adi gumun.
“Fi-lo-so-fi, Di. Dudu pitosopi. Kowe iki, ah. Wingi aku nembe diajari karo Pak Guru, kok.” Ida nyauri karo ngguya-ngguyu.
“Berarti, sakdurunge ya ora ngerti?” Adi takon karo mendelik.
“Ya ora! Padha karo kowe. Dhisik aku jawabe persis kaya jawabanmu.” Ida metu saka kamare Adi karo mlayu cekikikan. Isin.
“Mbak Idaaa!” Adi bengok.
Ibu sing ket mau meneng wae, akhire melu ngguyu weruh polah anak-anake. “Wis, wis. Saiki maem dhisik, ya, Di. Mbakyumu wis luwe kae. Ket mau arep maem, isih nunggoni kowe.”
“Inggih, Bu. Ibu ... ibu boten duka?”
“Ibu ora nesu, Di. Ibu malah seneng, weruh kowe lan mbakyumu isa akur sinau bareng kaya mau. Ora nyangka, anak-anake ibu jebul padha pinter.”
“Alhamdulillah, matur nuwun, Bu. Kula badhe gantos klambi rumiyin.”
Ibune manthuk, banjur metu saka kamare Adi.
***
Ida wis jupuk sega karo lawuh nalika Adi metu saka kamar. Bar jupuk piring ing dapur, Adi nyusul mbakyune lungguh.
“Nah … ngene iki adhiku sing paling gantheng. Ora kaya mau, gaya menengan, ora pantes blas,” ujare Ida nglirik Adi karo alise munggah mudhun.
“Lho, nembe sadar yen aku gantheng po, Mbak? Wah, ketinggalan info Mbak Ida iki,” semaure Adi karo cekikikan. Ida mlengos.
“Ibu boten dhahar pindhah? Biasanipun sareng-sareng.” Ida takon karo ibune sing sibuk ngutak-atik hape.
“Ida karo Adi maem sik wae. Ibu mengko nyusul.”
“Ibu niki, lho! Putra-putrane boten pikantuk hapenan, nanging Ibu malah hapenan terus. Mangke hapene kecemplung sayur, lho,” ujare Adi sakdurunge nyendhok sega.
“Ibu ki penasaran karo panjelasane mbakyumu mau.”
“Ingkang pundi ta, Bu?” Saiki Ida sing nyuwara.
“Iku lho, angka jawa sing kasebut mau. Sakjane ibu iki ya durung ngerti, artine angka likur, selawe, seket, karo sewidak. Ibu malih penasaran, mulane saiki ibu golek artine saka Mbah Google.”
Ida karo Adi padha delok-delokan, banjur mbengok bareng. “Ibuuu!”
Ibu cengar-cengir.
RAMPUNG
Katulis: Dini Verita
*Sampun diserat teng buku "Lelampahing Gesang"
DD Publishing, 2020
Posting Komentar
Posting Komentar